Big Ben
Dening Beta Kurniawati
Ing ngarepku ana bangunan pancen apik lan megah banget. Uwong-uwong nyebutake yen iku jenenge Big Ben salah sawijine lambang Negara Inggris. Sak durunge, aku gor ngerti gambare ing internet nanging sakiki bangunane ana ing ngarepku. Dakngetne kiwa tengenku akeh wong kulit putih,dhuwur uga rambute pirang sapa meneh yen dudu wong eropa. Lhohhh,,,iki Eropa to aku sakiki ng Eropa ……
Kringggg…kringggg…kringgg…
Suara alarm HP ku …lohh tibak e gor ngipi…
“kapan ya aku bisa dolan menyang inggris”.
***
Jam 6:20 aku budhal menyang sekolah. Jam kesiji teka loro enek sosialisai pertukaran pelajar.
“ney enek sosialisasi pertukaran pelajar kae lo kowe apa ogak melu”
“ogak jey paling yo pertukaran pelajar menyang Jakarta…wes tau aku”
“lahh kowe salah..iki pertukaran pelajar menyang inggris lhooo…yakin ogak melu”
“tenan pora?”
“tenan lahh…”
“ya wes ayo..golek panggon ngarep dewe”
“lahh kumat …mesti nek krungu tembung Inggris, Big Ben opo maneh Harris J bakal melek”
“hahaha…wes to ayo”
Akeh banget kancaku sing melu sosialisasi padahal ogak wajib. Kursine wes dipanggoni kabeh.
“ney, jey iki ngarep kursine ijek loro” kancaku Mey ndudohi.
Aku langsung mlaku menyang ngarep lan lungguh ing kursi iku. Sosialisasi dilekasi. Sapa wae sing pengen melu program pertukaran pelajar kudu melu tes lan bakale dijupuk bocah 20. Biaya transport lan biaya hidup ing kono wis ditanggung pemerintah. Sekitar 300 murid ing sekolahku daftar.
***
Tanggal 1 februari 2016 tes dilaksanaake..atiku rasane dag dig dug,,kringet dingin. Aku lagi wae mbukak internet tibak e sing melu tes bocah ana 20.000 lan dijupuk 20. Aku kaget banget “aku bakal lolos apa ora ya muga-muga lolos” batinku.
***
Sewulan sakwise tes ana tukang pos moro ing omahku menehi amplop coklat dak waca amplop iku saka kementrian pendidikan lan budaya. Tak bukak tibak e isine ana surat yen ing kono nyebutake yen aku lou los tes program pertukaran pelajar menyang inggris.
“Alhamdulillah matur suwun gusti Allah…” aku nangis seneng, aku ogak percaya yen aku bakal lolos. aku telpon kancaku jey lan mey takok dheweke lolos apa ora. Mey lolos nanging Jey ora.
“ora apa-apa Jey sok taun ngarepkan enek program pertukaran pelajar menyang Dubai kowe mesti lolos” clathuku kanggo ngibur Jey.
***
Tanggal 2 mei 2016 aku bakal budal menyang inggris. Sakwulan sakdurunge budal aku kudu ana ing asrama tempat e ing Jakarta. Aku budhal neng Jakarta karo Mey. Ing kono ana siswa saka aceh , Medan, Banjarmasin, Yogyakarta lsp. Bocah-bocah e pinter banget aku ing kono koyo nyasar ing panggonan sing adoh. Ing kono aku sak kamar karo aila dheweke saka Jakarta bocahe ayu lan sregep banget ing ngendi wae mesti sinau.
Ora krasa iki wes tanggal 2 mei mengko bengi aku bakal budhal menyang inggris. Big Ben akhirnya aku bisa ngetne sing asli ora mung ana gambar. Klambi-klambi ku wes tak lebokne koper seminggu kepungkur, dina iki kur karek ngecek menawa enek sing keri. Sak wis e ngecek aku delok tv terus keturon.
Kringgg…kringg…kringg… suara alarm ngagetake aku….
“al iki jam piro?” takon ku menyang aila
“al ojo meneng ae to…adus o disek bare aku.. tapi aku engko ojo ditinggal”
“Al…Al… sopo to nduk ing ngomah ora enek sing jenenge Al… kowe sekolah opo ora wes jam setengah 6 kae lo” ngendikane ibu.
“buk ibuk kapan teka Jakarta? Kok ogak omong Ney..aku engko bengi budal inggis lo buk.”
“inggris apa to nduk…wes gek adus, sarapan bare budhal sekolah. Tangi-tangi…”
“lhoh buk aila nyandi?.. aku kok neng kamar..buk koper ku…. Aku ngipi???”
"Matur Nuwun Ingkang Sampun maos"

Tidak ada komentar:
Posting Komentar